Contoh teks pembawa acara (MC) bahasa jawa acara kematian

Pranatacara Sripah

[caption id="attachment_6265" align="aligncenter" width="300"]ayo-skak

Sekcam Wonogiri, Suparno saat menyampaikan pidato sambutan pada acara pemakaman warga di Dusun Prampelan, Sendang.

[/caption]

Assalamu’alaikum wr. wb.

Panjenenganipun para rawuh, para takziyah ingkang kinurmatan, para sesepuh, saha para pinisepuh ingkang minulya. Ugi panjenenganipun para kadang mudha ingkang sami asung bela sungkawa, ingkang linambaran ing tresna lan asih.

Sugeng rawuh, wilujeng siang, lan sugeng pepanggihan.

Langkung rumiyin mangga kula panjenengan sedaya ngluhuraken asmanipun Gusti Ingkang Maha Agung, Allah SWT, ingkang sampun paring welas dhumateng kula panjenengan sedaya saengga kula panjenengan sedaya saged kempal kanthi pinaringan karaharjan mboten manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika, sumangga nuwun kula dherekaken sesarengan ngonjukaken raos syukur kanthi maos kalimat tahmid, Alhamdulillahirabbil ‘alamin…

Madyaning panandhang ing kalenggahan punika, kula ingkang piniji dening para kulawarga panandhang, inggih panjenenganipun Bp. Ahmad, kinen njejeri minangka pambiwara ingkang tartamtu kaeneraken wonten tata upacara bidhaling layon.

Innalillahi Wa Innailaihi Raji’un…

Sampun murud ing kasedan jati ing dalem yuswa 75 tahun, swargi Bp. Ghufron Muhtadi rikala dinten Kemis surya kaping 11 September 2019 watawis tabuh 10, awit saking lantaran nandhang gerah sawatawis wekdal.

Para pambela sungkawa, para takziyah, takziin ingkang kinurmatan.

Keparenga kula ngaturaken menggah urut reroncening adicara upacara bidhaling layon ingkang sampun karakit dening para kadang kulawangsa.

1. Pambuka.

2. Atur Dhuhkita Sabda Kulawarga.

3. Taushiyah.

4. Jenazah kaangkataken.

5. Pambidhaling layon saha katutup donga saking Bp. Budi minangka Modin.

Para pambela sungkawa ingkang kinurmatan, mekaten reroncening adicara ingkang rinakit dening para kulawarga, nuwun.

1. Sumangga adicara bidhaling layon dipunbuka kanthi waosan Basmalah.

Bismillahirrahmanirrahim…

Maturnuwun, acara ingkang angka setunggal sampun kalampahan.

2. Acara ingkang angka kalih inggih menika atur Dhuhkita Sabda Kulawarga. Dhumateng Bp. Ahmad sumangga. [pre-memori]

Maturnuwun.

3. Ngancik acara ingkang angka tiga inggih menika Taushiyah. Ingkang badhe dipunpimpin dening Ibu Nadya. Dhumateng Ibu Nadya sumangga. [pre-memori] Ibu Nadya kula aturaken agunging panuwun.

4. Ingkang salajengipun para pambela sungkawa kakung putri ingkang kinurmatan, angkating layon badhe kaleksanan dening para kulawarga panandhang, ingkang punika dhumateng panjenenganipun para kulawarga ingkang piniji hamanggul pethining layon kasumanggakaken. [pre-memori]

5. Layon badhe kapetak saha kasarekaken wonten ing astana laya Suwaung Kali Amba sru panyuwunipun para panandhang. Sakderengipun pambidhaling layon, dipunwiwiti ndedonga konjuk wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang murbeng dumadi, wondene ingkang piniji nuninggih panjenenganpun Bp. Budi minangka modin. Dhumateng Bp. Budi wekdal kasumanggakaken. [pre-memori]

Mugi alusipun suwargi Bp. Ghufron Muhtadi tansah pinaringan pangapunten saha tansah katampi anggenipun sowan ngarsa Gusti ingkang maha Agung, Aamiin..

6. Lajeng mbok bilih para pambela sungkawa mboten wonten pambengan, kasuwun mangke ndherekaken bidhaling layon dumugi ing astana laya Suwaung Kali Amba. Wondene wonten pakaryan ingkang wigati kulawarga panandhang namung saget ngaturaken panuwun saha ngaturaken sugeng kondur.

Kula pribadi minangka pranatacara mbok bilih anggen kula ngaturaken urut reroncening adicara wonten kiranging trapsila, suba sita miwah kiranging basa, kula nyuwun lubering pangaksama.

Ing wasana akhirul kalam, wabilahittaufiq wal hidayah, Wassalamu’alaikum wr. wb.

Panyerat : Icha Maharani Umaira

Jurusan : Sastra Jawa, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta


Aplikasi
PERMOHONAN SURAT

PASPRODESA
Pasar Produk Desa

PENGUMUMAN DESA

Pengumuman dari desa untuk semua warga masyarakat, semoga menjadikan informasi dan pemberitahuan.

Kepala Desa
0000-00-00

0000-00-00

Setiap warga masyarakat tanpa terkecuali, dimohon untuk selalu menjaga kebersihan rumah dan lingkungan, agar selalu sehat.

0000-00-00

PENGUMUMAN DESA

Informasi Untuk Warga



Potensi Desa

, Kec.


STATISTIK PENGUNJUNG

Hari ini

Online

Hits hari ini

Total pengunjung


:

:

:

:


0

488

646236

Press ESC to close

Aparatur Desa
Close Aparatur Desa

post-title
Sukamto Priyowiyoto, S.H.
  • Kepala Desa

post-title
Agung Susanto, S.E.
  • Sekretaris Desa

post-title
Sutanti
  • Kaur Keuangan

post-title
Dwi Hananti
  • Kasi Pemerintahan

post-title
Edi Suminto
  • Kaur Umum & Perencanaan

post-title
Hendra Setyawan, S.I.Pust.
  • KASI PELAYANAN

post-title
Setu
  • KADUS NGLEGONG, KOLOTOKO

post-title
Lagiyo
  • KADUS PRAMPELAN, KEMBANG & SOKOGUNUNG

post-title
Sari Retno Ningrum
  • KASI KESEJAHTERAAN MASYARAKAT