Pranatacara Pengetan Dinten Kamardikan
Nuwun. Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Sugeng dalu. Sugeng rawuh wonten ing adicara Pengetan Dinten Kamardikan Indonesia ingkang kaping 75 wonten ing Lapangan Desa Sendang.
Saderengipun kula matur menggah wigatosing sedya wonten palenggahan menika, sumangga panjenengan sedaya kula dherekaken ngaturaken puja puji syukur wonten ing ngarsa Gusti Allah SWT ingkang sampun paring kanugrahan, saha karaharjan, saengga kula lan panjenengan saged kempal wonten ing papan menika kanthi bagas, waras, wilujeng, kalis ing rubeda.
Ingkang dhahat kinurmatan panjenenganipun Bapak Ketua RW 2. Ingkang kawula urmati Bapak Ketua RT 1 lan 2. Para sesepuh, ugi para rawuh kakung saha putri ingkang satuhu dhahat kinurmatan.
Para rawuh kakung sumawana putri, ingkang sami suka rahayu. Wonten ing papan menika, kula ingkang piniji minangka pranata adicara, keparenga kula nggempil kamardikan panjenengan anggenipun sami wawan pangandikan. Keparenga kula ngaturaken urut reroncening adicara ing titi laksana ing pahargyan menika.

-
Adicara ingkang angka setunggal inggih menika pambuka.
-
Adicara ingkang angka kalih inggih menika atur pangandikan saking panitia, ingkang badhe dipun wakili dening Bapak Sriyanto.
-
Adicara ingkang angka tiga atur pangandikan saking Bapak Dukuh.
-
Adicara ingkang angka sekawan, adicara inti inggih menika pengetan dinten kamardikan Indonesia kaping 75 ingkang badhe dipun salirani panjenenganipun Bapak Ketua RW 2.
-
Adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup.
Makaten rantamaning adicara ing dalu punika.
Katur para rawuh kakung saha putri sumangga kula penjengan nglampahi adicara ingkang angka setunggal. Dedonga kula dherekaken. [pre-memori] Dedonga cekap.
Salajengipun adicara ingkang angka kalih, inggih punika atur pangandikan saking panitia ingkang badhe dipunwakili dening Bapak Bambang Krisnanto. Wekdal saha papan kula sumanggakaken. [pre-memori] Maturnuwun kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bapak Bambang Krisnanto ingkang sampun paring pangandikan.
Para rawuh ingkang satuhu kula urmati. Adicara ingkang angka tiga inggih punika atur pangandikan saking Bapak Dukuh. Wekdal saha papan kula sumanggakaken. [pre-memori]
Maturnuwun dhumateng Bapak Dukuh, ingkang sampun paring pengetan dhateng kula lan panjenengan sedaya, supados tansah ngenget-enget perjuanganipun para pahlawan.
Ngancik adicara ingkang angka sekawan sumangga kula lan panjenengan lampahi inggih punika adicara inti ingkang badhe dipunsalirani dening Bapak Ketua RW 2. Papan saha wekdal kula sumanggakaken. [pre-memori] Bapak Ketua RW 2 paring pangandikan saengga kula lan panjenengan saged mangertosi bilih ngenget-enget para pejuang punika mboten kedah ing dinten kamardikan. Dhateng ngarsanipun Bapak Ketua RW 2 kula aturaken agunging sembah nuwun.
Para rawuh ingkang satuhu dhahat karenan. Mboten keraos kula lan panjenengan sampun dungkap adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup. Sumangga kula dherekaken dedonga miturut agami sarta kapitadosanipun piyambak-piyambak. Dedonga, kula sumanggakaken. [pre-memori] Cekap.
Mbok bilih kepareng matur ngarsanipun panjenengan sedaya wonten ing mriki kula ingkang pinatah minangka pranata adicara menawi wonten kalepatan, saha atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan sedaya keparenga kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wasana, cekap semanten. Wassalamu’alaikum Wr. Wb. Sugeng dalu. Sugeng kondur.
Panyerat : Icha Maharani Umaira
Jurusan : Sastra Jawa, Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta