Pidato bahasa jawa singkat acara halal bi halal

Contoh pidato (sesorah) halal bihalal dalam bahasa jawa.

Setelah satu bulan lamanya kita berpuasa tentunya kita melaksanakan zakat fitrah, dan setelah itu tentunya kita juga melaksanakan solat idul fitri, juga kita melakukan acara halal bihalal/silaturahim atau juga kumpul-kumpul bareng teman, keluarga, atau kerabat dekat kita di masjid, di kelurahan, dan sebagainya. Nah kali ini admin akan membagikan contoh pidato halal bihalal versi bahasa jawa [caption id="attachment_5143" align="aligncenter" width="300"]halal-bi-halal

Perwakilan pemuda memohon maaf kepada perwakilan orang tua (Dok.desa.id - foto : Bedi)

[/caption] Assalamu'alaikum warohmatullahi wabarakatuh,

 

Para Sesepuh, Pinisepuh ingkang dahat kinurmatan.

Ingkang Kinurmatan Bapak Kepala Dusun Kedungareng.

Ingkang kinurmatan Bapak Ketua RW, saha sedaya Ketua RT se Dusun Kedungareng.

Ingkang kinurmatan sedaya warga Dusun Kedungareng kakung sumawana putri.

Ingkang saklajengipun kula minangka wakilipun Pemerintah Desa Sendang nyuwun idin sumela atur sawetawis dhumateng para rawuh sedaya. Lan kula ngaturaken matur nuwun kagem bapak/ibu warga Dusun Kedungareng ingkang sampun maringi wekdal kangge kula ing mriki.

Ingkang kaping pisan sumangga kita ngaturaken puji syukur dhateng Allah SWT ingkang sampun maringi kasarasan, sarta hidayah inayah-Ipun dhumateng kita sedaya, dumugi kita saged kempal manunggal wonten balai dusun Kedungareng ing adicara halal bihalal, kanthi mboten wonten alangan satunggal menapa.

Lan kula ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng warga sedaya ingkang sampun rawuh wonten ing mriki kangge acara halal – bihalal menika. Mugi niat ikhlas panjenengan sedaya tindak saking ndalem dumugi papan menika kecatet dados satunggaling amal kesaenan dhateng Allah SWT. Aamiin

Para rawuh ingkang kinurmatan!, Mugi-mugi acara Halal Bihalal menika dados sarana nglebur dosa antawisipun sapada, ingkang rumaos lepat mboten ka-ambali malih ing wekdal candhakipun. Awit kalepatan, dosa, khilaf menika sandhanganipun tiyang gesang, sumangga kita sedaya tepa salira, amrih gesang kita tansah bagya mulya.

Para rawuh ingkang bagya Mulya!, lumantar halal bi halal ing ari kalenggahan menika, kula minangka pribadi punapa dene makili kulawarga saha perangkat Desa Sendang hambok bilih anggen kula ngayahi jejibahan pamarintahan punapa kewajiban sosial kemasyarakatan hanggadahi kalepatan ingkang kasengaja punapa boten, kula nyuwun agunging samudra pangaksami....Mugi-mugi Gusti Allah ingkang Maha Kuwasa tansah nampi ibadah amal kesaenan kita sedaya saha paring keslametan, kesarasan, ayem tentrem boten wonten alangan setunggal punapa....Aamiiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan!, Mugi kanthi wontenipun acara menika ngemutaken kita sedaya sageda tansah tumindak ingkang sae dhateng sapada, tresna-trisnanan ing antawisipun ingkang mudha dhateng tiyang sepuh, utawi dhateng sesamining para mudha. Adhedhasar tata krama ingkang sae, ndadosaken silaturahim saged lumampah kanthi lancar.

Para rawuh ingkang kinurmatan!, Wonten tetembung menawi silaturahim menika saged manjangaken yuswa. Pramila sumangga acara menika saestu nambahi seserepan tumrap kita saengga kita saged gesang ing madyaning bebrayan kanthi sae lan tansah nindakaken silaturahmi kanthi sae dhateng sapada.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawah ingkang mboten mranani penggalih dhateng para rawuh sedaya, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Akhiru kalam Wabillahi taufik walhidayah, Wassalamu'alaikum warohmatullahi wabarakatuh.

Itulah contoh pidato halal bihalal dalam bahasa jawa yang masih jauh dari kesempurnaan yang dapat saya sampaikan, semoga bermanfaat. (admin).


Aplikasi
PERMOHONAN SURAT

PASPRODESA
Pasar Produk Desa

PENGUMUMAN DESA

Pengumuman dari desa untuk semua warga masyarakat, semoga menjadikan informasi dan pemberitahuan.

Kepala Desa
0000-00-00

0000-00-00

Setiap warga masyarakat tanpa terkecuali, dimohon untuk selalu menjaga kebersihan rumah dan lingkungan, agar selalu sehat.

0000-00-00

PENGUMUMAN DESA

Informasi Untuk Warga



Potensi Desa

, Kec.


STATISTIK PENGUNJUNG

Hari ini

Online

Hits hari ini

Total pengunjung


:

:

:

:


0

488

646236

Press ESC to close

Aparatur Desa
Close Aparatur Desa

post-title
Sukamto Priyowiyoto, S.H.
  • Kepala Desa

post-title
Agung Susanto, S.E.
  • Sekretaris Desa

post-title
Sutanti
  • Kaur Keuangan

post-title
Dwi Hananti
  • Kasi Pemerintahan

post-title
Edi Suminto
  • Kaur Umum & Perencanaan

post-title
Hendra Setyawan, S.I.Pust.
  • KASI PELAYANAN

post-title
Setu
  • KADUS NGLEGONG, KOLOTOKO

post-title
Lagiyo
  • KADUS PRAMPELAN, KEMBANG & SOKOGUNUNG

post-title
Sari Retno Ningrum
  • KASI KESEJAHTERAAN MASYARAKAT