Upacara Pengantin dalam adat jawa (sendang-wonogiiri.desa.id)
Assalamu 'alaikum Wr. Wb.
Kasugengan tuwin kabagyan awit saking sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Wikan, mugi tansah hamberkahi-hangayomi katur para tamu ingkang sinedhahan.
Kawula nuwun, amit pasang kaliman tabik linepatna ing tulak manu winurungna ing deduka dhumawaha ing tawang towang, dene kula kumawantun nyaru-wuwus anggenipun para tamu daweg sakeca imbal-wacana kalihan kadang mitra-karuh, inggih labet anggen kula badhe minangkani pamundhutipun Bapa ..... (asma ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa ingkang miji dhumateng kula.
Para tamu kakung miwah putri winantu ing pakurmatan,
Ing sakawit Bapa ... (asma ingkang hamengku karsa) badhe nyarirani pribadi matur ing ngarsanipun para tamu. Ananging saking ageng daya pangaribawanipun para tamu ingkang sampun kepareng rawuh, ndadosaken manahipun gugup, ngendikanipun dados gagap, gumbregel ing asta, gupuh-gupuh gurawalan anggenipun nampi rawuhan para tamu, temahan sadaya ingkang sampun rinantam ing sanubari mboten saget kawiyos ing lesan, namung kandheg wonten ing lumaya. Awit saking punika, mugi keparengna kula analang basa.
Sepisan, sinartan ngonjukaken sembah-puji ing ngarsa Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, Bapa ..... (asma ingkang hamengku gati) lumantar kula ngaturaken sugeng rawuh sarta atur panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Kaping kalih, kula nyuwunaken pangapunten ingkang sakalangkung ageng, dene Bapa ..... (asmo ingkang hamengku karsa) sakaliyan garwa anggenipun nampi rawuhipun para tamu mboten saget ndadosaken sarjuning panggalih, inggih amargi kirang gupuh, aruh, suguh saha tambuh, punapadene anggenipun caos pakurmatan boja-krami kirang mranani. Sadaya kala wau mboten kajarag, nanging kabekta saking kawontenan ingkang sarwi winates.

Dene atur ingkang kaping tiga, kula badhe ngaturaken menggah wigatosing prelu gatining karya ing pahargyan siyang/ratri kalengggahan punika, sanadyan sampun trawaca sinerat ing serat sedhahan, sinawung warta binandhung ing karna ujaring bakul sinambi wara, nanging dereng marem manawi dereng matur wonten ing ngarsanipun para tamu ingkang satuhu bagya mulya.
Para tamu ingkang satuhu sadhu budi,
Dinten punika Bapa...... (asma ingkang hamengku karsa) sakulawangsa, miwaha putra mahargya siwi, Nimas Rara .... (asma panganten putri) jinatukrama dening Anakmas ... (asma penganten kakung) putra kakungipun Bapa ..... (asma ingkang rama panganten kakung) saking ..... (dedunung ingkang rama panganten kakung). Wondene ijab qobul nikah miturut satataning agami tuwin pranataning pamarentah sampun kalampahan kala ..... (dinten saha titi wanci tumapaking pawiwahan) wonten ing ..... (sasana pawiwahan), salajengipun kapanggihaken miturut adat-widhi-widana ingkang sampun lumampah ing ngriki, kala wau tabuh ... (titiwanci tumapaking panggih) sadayanipun sampun kalampahan kanthi wilujeng sepen ing rubeda kalis saking sambekala. Ingkang salajengipun wonten ing pahargyan siyang/ratri kalenggahan punika kasuwunaken puji-pangestu katur para tamu, mugi mugi pinanganten pinaringan berkahing Gusti Ingkang Maha Suci dados kulawarga sakinah, mawadah, warohmah, dirga yuswa dirga hayu, bagya mulya kalis ing rubeda, hayu hayem hangayomi tinebihaken saking dahuru daredahing sesemahan, tundhonipun pinaringan tuwuhing wiji, anak anung anindhita ingkang saget nyambet sejarah rah-tumerahipun tematen sarimbit.
Para tamu ingkang satuhu luhur ing budi,
Kados-kados sampun jangkep, pepet puput pepuntoning atur anggen kula analang basa angembani wuwus saking Bapa ....( asma ingkang hamengku gati) sekaliyan garwa. Ingkang puniko, para tamu kasuwun kanthi suka renaning penggalih mugi kepareng pinarak ngestreni sarto paring puji pangastuti ngantos dumugi titi purnaning pahargyan.
Wasana kula namung titah sawantah nglenggana cubluk ing seserepan, kirang pangawikan. Awit saking punika minangka panutuping atur, kula ngaturaken kupat bumbune santen, sadaya lepat nyuwun pangapunten.
Wassalamu 'alaikum Wr. Wb. (Kebogiro-admin)