Artikel ini kami unggah untuk memenuhi permintaan dari pembaca website resmi Desa Sendang, Kecamatan Wonogiri untuk menambah khasanah bahasa jawa. Pada bagian ini ditulis salah satu rangkaian adat Jawa setelah melangsungkan resepsi pernikahan yakni ketika keluarga temanten perempuan memboyong / kirab / silaturrahiim kedua mempelai kepada keluarga orang tua mempelai laki-laki (besan).

Pada acara tersebut, sebelum masuk rumah keluarga besan, diadakan acara pasrah tinampi. “Atur Pasrah” dari keluarga mempelai perempuan, dan “Atur Panampi” dari keluarga besan. Berikut adalah tuladha (contoh) sederhana “Atur Pasrah” yang dapat menambah referensi anda.
***
Assalamu ‘alaikum Wr.Wb.
Bismillahirrahmanirrahim. Al-hamdu lillahi rabbil ‘alamin.
- Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten,
- Panjenenganipun Bp.Waluyo dalasan Ibu Sumarni ingkang kinurmatan,
- Para rawuh kakung putri ingkang bagya mulya.
Kanti ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT, Gusti Ingkang Moho Agung.
Sowan kula mriki dipun saroyo dening panjenenganipun Bapa Eko Haryanto dalasan Ibu Puji Armi ingkang pidalem wonten Godean RT.05/RW.02 Desa Sendang, Kecamatan Wonogiri, kepareng matur :
Sepisan. Ngaturaken salam taklim saking Bapak Eko Haryanto sekalian garwa dumateng Bapa Gimanto sekalian, lumantar Bapa Marno (paraga panampi pasrah) wonten ing Dusun Ngasemlegi RT.02/RW.05 Desa Pondoksari, Kecamatan Nguntoronadi.
Kaping Kalih. Bapa Eko Haryanto sekalian hanglarapaken, nyowanaken putra temanten kekalih, nun inggih Rara Desyta Arum Sari lan Bagus Agus Ananto, jangkep sajodo, ingkang sampun kalampahan nindakaken Ijab-Qabul, rikala dinten Setu, 18 September 2021, mapan wonten Kantor KUA Kecamatan Wonogiri, kanthi pinaringan Rahayu Wilujeng, nir ing sambikala, pikantuh berkahing Allah SWT.
Sak-lajengipun, ing wekdal punika kula sowanaken putra temanten kekalih. Kula pasrahaken dumateng Bapa Ibu Gimanto, borong panjenengan bade nggula wenthah – murih lestari, widodo anggenipun jejodohan, mbangun bale wisma, mugi dados kulawarga ingkang Sakinah-Mawaddah wa Rahmah, pikantuh berkahing Allah SWT, tansah manggih bagya mulya sak lami-laminipun.
Minangka jangkeping tata-krami, kula ugi kinen hangaturaken sawetawis pisungsung ubo rampe, minangka tadha talining katresnan. Sanadyan mboten sepintena, mugi sageda hanambah raketing kekadangan ing antawisipun kulawarga Bapa Gimanto saha keluarga Bapa Eko Haryanto.
Ing wasana. Mboh bilih anggen kula matur kathah kalepatan lan kekirangan, saha anggen kula sowan sak-rombongan mboten rena ing panggalih panjenengan, kula mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami.
Nuwun. Billahittaufiq wal hidayah.
Wassalamu ‘alaikum Wr.Wb.
*** *Semoga tulisan ini bermanfaat, khususnya untuk melestarikan budaya jawa...
(adm)