Tuladha atur pambagya harja panganten (gagrag Surakarta Hadiningrat)

[caption id="attachment_1280" align="aligncenter" width="300"]

Serah terima pada upacara pengantin (Foto : desa.id)

[/caption]

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.,

Kasugengan tuwin kabagyan awit saking sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Wikan, mugi tansah hamberkahi-hangayomi katur para tamu ingkang sinedhahan.

 

Kawula nuwun, amit pasang kaliman tabik linepatna ing tulak manu winurungna ing deduka dhumawaha ing tawang towang, dene kula kumawantun nyaru-wuwus anggenipun para tamu daweg sakeca imbal-wacana kalihan kadang mitra-karuh, inggih labet anggen kula badhe minangkani pamundhutipun Bapa ... (nama ingkang hamengku karsa) sakalihan garwa ingkang miji dhumateng para tamu kakung miwah putri ingkang winantu ing pakurmatan,

Ing sakawit Bapa ... (asma ingkang hamengku karsa) badhe nyarirani pribadi matur ing ngarsanipun para tamu. Ananging saking ageng daya pangaribawanipun para tamu ingkang sampun kapareng rawuh, ndadosaken manahipun gugup, ngendikanipun dados gagap, gumbregel ing ngasta, gupuh-gupuh gurawalan anggenipun nampi rawuhipun para tamu, temahan sadaya ingkang sampun rinantam ing sanubari boten saged kawiyos ing lesan, namung kandheg wonten ing lumaya. Awit saking punika, mugi kaparengna kula analang basa.

Sepisan, sinartan ngonjukaken sembah-puji ing ngarsa-Dalem Gusti Ingkang Maha Suci, Bapa ... (asma ingkang hamengku gati) lumantar kula nagturaken sugeng rawuh sarta atur panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Kaping kalih, kula nyuwunaken pangapunten ingkang sakalangkung ageng, dene Bapa ... (asma ingkang hamengku gati) sakalihan garwa anggenipun nampi rawuhipun para tamu boten saged ndadosaken sarjuning panggalih, inggih amargi kirang gupuh, aruh, suguh, saha tambuh, punapadene anggenipun caos pakurmatan boja-krami kirang mranani. Sadaya kala wau boten kajarag, nanging kabekta saking kawontenan ingkang sarwi winates.

Dene atur ingkang kaping tiga, kula badhe ngaturaken menggah wigatosing prelu gatining karya ing pahargyan siyang/ratri* kalenggahan punika, sanadyan sampun trawaca sinerat ing serta sedahan, sinawung warta binandhung ing karna ujaring bakul sinambi wara, nanging dereng marem menawi dereng matur wonten ing ngarsanipun para tamu ingkang satuhu bagya mulya.

Para tamu ingkang satuhu saddhu budi,

Dinten punika Bapa ... (asma ingkang hamengku karsa) sakalawangsa, miwaha putra mahargya siwi, Nimas Rara ... (asma panganten putri) jinatukrama dening Anakmas ... (asma panganten kakung) saking ... (dedunung ingkang rama panganten kakung). Wondene ijab-qobul nikah miturut satataning agami tuwin pranataning pamarentah sampun kalampahan kala ... (dinten saha titiwanci tumapaking pawiwahan) wonten ing ... (sasana pawiwahan), salajengipun wonten ing pahargyan siyang/ratri* kalenggahan punika kasuwunaken puji-pangestu katur para tamu, mugi-mugi pinanganten pinaringan berkahing Gusti Ingkang Maha Suci dados kulawarga sakinah, mawaddah, warohmah, dirga yuswa dirga hayu, bagya mulya kalis ing rubeda, hayu hayem hangayomi tinebihaken saking daharu daredahing sesemahan, tundhonipun pinaringan tuwuhing wiji, anang anung anindhita ingkang saged nyambet sejarah rah-tumerahipun temanten sarimbit.

Para tamu ingkang satuhu luhur ing budi,

Kados-kados sampun jangkep, pepet puput peputoning atur anggen kula analang basa angembani wuwus saking Bapa ... (nama ingkang hamengku gati) sakalihan garwa. Ingkang punika, para tamu kasuwun kanthi suka-renaning panggalih mugi kapareng pinarak ngestreni sarta paring puji pangastuti ngantos dumugi titi purnaning pahargayan.

Wasana, kula namung titah sawantah nglenggana cubluk ing seserepan, kirang ing pangawikan. Awit saking punika minangka panutuping atur, kula ngaturaken kupat bumbune santen, sadaya lepat nyuwun pangapunten.

Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb. (Artikel Warga-S.Anto)


Aplikasi
PERMOHONAN SURAT

PASPRODESA
Pasar Produk Desa

PENGUMUMAN DESA

Pengumuman dari desa untuk semua warga masyarakat, semoga menjadikan informasi dan pemberitahuan.

Kepala Desa
0000-00-00

0000-00-00

Setiap warga masyarakat tanpa terkecuali, dimohon untuk selalu menjaga kebersihan rumah dan lingkungan, agar selalu sehat.

0000-00-00

PENGUMUMAN DESA

Informasi Untuk Warga



Potensi Desa

, Kec.


STATISTIK PENGUNJUNG

Hari ini

Online

Hits hari ini

Total pengunjung


:

:

:

:


0

488

646236

Press ESC to close

Aparatur Desa
Close Aparatur Desa

post-title
Sukamto Priyowiyoto, S.H.
  • Kepala Desa

post-title
Agung Susanto, S.E.
  • Sekretaris Desa

post-title
Sutanti
  • Kaur Keuangan

post-title
Dwi Hananti
  • Kasi Pemerintahan

post-title
Edi Suminto
  • Kaur Umum & Perencanaan

post-title
Hendra Setyawan, S.I.Pust.
  • KASI PELAYANAN

post-title
Setu
  • KADUS NGLEGONG, KOLOTOKO

post-title
Lagiyo
  • KADUS PRAMPELAN, KEMBANG & SOKOGUNUNG

post-title
Sari Retno Ningrum
  • KASI KESEJAHTERAAN MASYARAKAT